Geguritan
Aku Kudu Piye??
scholastica wahyu pribadi
donya iki kebak pepethan kang endah
mompyar gemebyar lan ngedap-edapi
ing kene, ing kana lan ing ngendi wae
apa kuwi kang diarani makmur?
apa kuwi kang diarani luhur?
apa kuwi sing diarani mardika?
apa mung srana busananing negara?
nanging........
akeh wong pada ngangur
wong ngemis tan bisa kaetung
saka bocah nganti simbah-simbah
dak lirik om dan tante
tumpakane kendaraan rodha papat
omae matingkat tingkat
kaya-kaya uripe ratau kesrakat
nanging bulek lan paklek
usahane senin kamis
kanggo nguripi kula wargane
dak sawang.......
sing cegak mega kae
uripe tansah bungah lan turah
kaya-kaya ra tau susah
saiki aku kudu piye???
arep surak0surak gawe rusak
apa tumindak mureh kuncara
kanggo dumadining nagara.